Kesengsem esemmu kang kependhem,
gawe wengiku endah,
ngawang nyawang wayang,
nglayang ing awang.
gandaning kembang sengsaya arum,
tembang swarga sengsaya merdu,
asmarandhana sengsaya ngumandang,
angine sengsaya sumilir,
ngipasi ati kapang.
pangrasaku ngumbara,
ngetutke angen kang ngebaki katresnan,
jroning wangan suwung.
tanpa asihMu, Gustiku,
eseme mesti sirna kesaput laku bayu,
senadyan pendak dina kejangkah.
Batinku mangerteni wisikmu,
sukmaku mangerteni basa atimu,
nanging,
pasuryanmu mbayang pengrasamu,
kang culigo.
esem madumu,
sejatine kebak wisa,
nanging aku saguh ngresiki,
saguh ngayaki...
Ragaku klebus,
kecemplung kang
gak mudeng blassss,,,yank
BalasHapus